TSM7GfYpGUWoGUr7BUr0GSO9

Slider

232 PNS Sleman Siap Purna Tugas, Bupati Minta Kinerja ASN yang Tersisa Dioptimalke


Sleman, JOGJA.OMPITV.COM
– Pemerintah Kabupaten Sleman resmi nyerahke 232 Surat Keputusan (SK) pensiun kanggo para Pegawai Negeri Sipil (PNS) calon purna tugas, sing bakal pensiun antara tanggal 1 Juli nganti 1 Desember 2025. Penyerahan SK dilaksanakake neng Pendopo Parasamya Sleman, Senin (19/5/2025).

Kepala BKPP Sleman, R. Budi Pramono nerangke, para calon purna tugas iki asalé saka 35 Organisasi Perangkat Daerah (OPD) sing ana ing Kabupaten Sleman. Paling akeh sumbangané saka Dinas Pendidikan, sing nyumbang 138 PNS, disusul karo Dinas Kesehatan sing ngirim 28 PNS.

“Tahun iki Sleman oleh tambahan sekitar 730-an Aparatur Sipil Negara (ASN), sing terdiri saka PNS lan PPPK,” ujare Pak Budi.

Saka jumlah kuwi, mung 144 sing PNS, selebihé sekitar 580-an iku PPPK. Nanging, jumlah PNS sing mlebu isih durung sebanding karo sing pensiun. “Semester kepungkur ana 250 sing pensiun, saiki 232, totalé ya 480-an. Sing mlebu mung 144. Kekurangane iki yo diatasi karo PPPK,” imbuhé.

Pak Budi uga nekanake pentingé optimalisasi kinerja. “Tenaga sing ana kudu digarap maksimal. Pegawai sing isih aktif kudu bener-bener kerja bareng, kerja tuntas,” tegasé.

BKPP Sleman uga komitmen arep nyedhiyakke pelayanan pensiun sing terbaik. Kanggo ngurus surat pensiun, calon purna tugas ora usah repot kemana-mana. "Bapak ibu cukup tenang, kabeh bakal diurus saka BKPP. Kita wis kerja bareng karo PT Taspen, BKN, BKAD, lan stakeholder liyané," tandas Pak Budi.

Nambahi penjelasané, Bupati Sleman Harda Kiswaya ngomong yen daerah kudu bisa ngoptimalke pegawai sing isih ana. "Kita tempatke pegawai sesuai kemampuané, dadi meskipun jumlahé sithik, tapi efisien lan produktif," ujarné.

Pak Bupati uga nyampeke rasa matur nuwun lan apresiasi tumrap dedikasi para calon purna tugas. “Mugi para bapak ibu tetep bisa terus berkarya nang lingkungan utawa komunitasé. Pensiun dudu akhir, tapi awal kanggo manfaat marang sesama lan ningkatke ibadah,” pesené.

0Komentar

© Copyright - BERITA JOGJA TERBARU TERUPDATE
Berhasil Ditambahkan

Tulis Apa Yang Ingin Kamu Cari Dan Tekan ENTER Untuk Mencari.